The Last Airbender - Aang

Kamis, 28 Desember 2017

EWUH AYA ING PAMBUDI

EWUH AYA ING PAMBUDI
Mau bengi bapak nampa tamu ingkang kinurmat Bp Pangreh praja ing sakwijine wewengkon Ngayogyakarto Hadiningrat.
Piyayine wis yuswa kurang luwih 40 an tahun.
Sak wise jejagongan ngrembug bab maju mundure dhaerah lan bab liyane sing magepokan karo wewangunan terus pamit kondur.
"Sak wetawis sampun cekap rumiyin bapak, kula badhe kondur, amargi pikantuk ulem kapurih mirsani ringgit wonten kecamatan"
Terus jumeneng salaman karo bapak, tumuli nyalami aku.
Mak "jleg ..tratap" ana sing njola brontak ana njerone atiku...
Sak kondure tamune bapak, sakwetara......
Terus bapak nimbali ;
Ndhuk, ya piyayi ngono kuwi, sing duwe andhil gedhe tumrap rusake basa Jawa....
Terusna olehmu sinau basa Jawa, aja wigah wigih, aja kemba, aja rangu rangu anggonmu nulis nggawe buku basa Jawa, mbengoka senadyan kaya ngadeg mapan ana sak tengahe segara wedhi......mbengoka...!
Mas Agus Purwitto, kados pundi ?
Share:

2 komentar:

  1. Selamat malam Eyang Tommy...
    Pelajaran yg sangat bagus, tapi... Yaaaa agak gimanaaa gitu..

    BalasHapus
  2. Sepertinya saya kenal sama tulisan ini... Hehe.....

    BalasHapus

isi blog

Diberdayakan oleh Blogger.