The Last Airbender - Aang

Selasa, 19 September 2017

Adigang, adigung, adiguna

Paribasan iki tegese ya iku ngendel-endelake kekuwatan, panguwasa, lan kapinteran sing diduweni. Adigang ya iku sipat kang ngegul-gulake kekuwataning awak (raga), kaya déné kidang. tandang tanduke cukat trengginas, playune pilih tandhing. Déné adigung iku sipat kang ngongsakake pangkat, drajat, keluhuran, apadene trah tedhak turune priyagung (wong gedhé). Pawongan kang duwé watak adigung racaké dipadhakake karo gajah. Awake gedhé, ora ana sing madhani, lan yèn padudon akèh menange. Déné adiguna ya iku sipat kang ngendelake kapinteran lan akal. Sipat iki racaké digambarake kaya watake ula. Ula iku katone ringkih, nanging wisane mbebayani.
Adigang iku tegesé: ngandelaké marang kakuwatané.
Adigung iku tegesé: ngandelaké marang gedhéné.
Adiguna iku tegesé: ngandelaké marang kapinterané.
Paribasan iki tegesé, wong aja ngandhelaké kaluwihané dhéwé waé.
Katelu sipat mau (adigang, adigung lan adiguna) sajatiné kaiket dadi siji ing sipating manungsa. Mula yèn salah sijiné bisa diudhari kateluné bakal sirna (mati sampyuh).
Share:

0 komentar:

Posting Komentar

isi blog

Diberdayakan oleh Blogger.