AKSARA "i"
Aksara i, yen kanggo nulis basa jawa, duwe peran dhobel.
1. Muni i ( wulu) .
2. Muni e ( taling).
Tetep muni "i" yen kanggo nulis sak wenehe tembung sing tanpa nganggo panambang.
Contone:
siji, pari, mari, kursi, mati, mukti.....Lsp.
Aksara "i ", bisa salin swara muni "e" (taling) waton nganggo panambang (akhiran).Contone :
Kucing, kuning, miring, wajib, sing, wis, adhik, glathik, wasis, sopir, sisih, untir, kunir...Lsp.
Indonesia, kabeh wong sak tanah jawa macane ENDONESIA....
Malah mas Paimin, nek nyeluk ya mas PAIMEEEN.....!
Status iki tak tulis minangka rasa prihatin, amarga akeh piyayi Jawa sing olehe nulis nganggo swara nanging ora nganggo rasa..
Mangga sami dipun pirsani ......akeh sing nulise: SENG....WES...MALENG...
Mangga sareng sareng nulis aksara i dipapanake ana panggonan sing sak penere.
Eling yen GARING karo GARENG kuwi beda, MIRING karo MIRENG uga beda.......
Para kadang, punika boten aturane Nimas Gendhis, nanging pranatane para ahli ingkang saestu ahli wonten bab olah tulis.
*cathetan* 1 : Yen panambange ANE, munine wutuh i...kaya ta: sisihANE, wijikANE, larikANE....tulisANE Lsp.
Nuwun...
Sugeng Sinau nulis basa jawa.
Jenang sela wader pari sesondheran.
Apuranta yen wonten lepat kawula.
*cathetan* 2;
Ora mingsra nanging piguna, aja nyepelekne bab sing cilik, bab sing sepele bisa mahanani rusake basa jawa.

0 komentar:
Posting Komentar