Bengi iki aku karo kanca-kancaku yaiku Rigo, Danan,
lan Zul arep ngopi menyang Mato Kopi, aku wis janjian karo cah telu kuwi jam 11
bengi nanging si Rigo karo si Zul tekan jam rolas durung ngabari, banjur di
kabari liwat WA karo Danan babagan sida ngopi ora, ora suwe Rigo balesi lan wis
tekan panggonan ngopi karo si Zul. Aku karo Danan malah ora nusul-nusul ing
panggonan ngopi, aku malah pit-pitan dhisik karo Danan.
“ Yo nan mubeng-mubeng dhisik karo garapi Rigo ro si
Zul ” wangsulanku karo njikuk motor.
“ Bener kuwi Tom, gas mubeng-mubeng ngentekake
bensin ta ” Danan mangsuli.
Banjur aku mangkat seka kos-kosan karo Danan
pit-pitan, rakerasa anggonku pit-pitan karo Danan uwis rong jam. Hpku lan hpne
si Danan geter-geter rakaruan, jebul kebak WA seka si Rigo ro si Zul le
ngenteni cah loro mau wis suwi. Banjur aku ro Danan menyang panggonan kopi, tekan
kana aku ro si Danan markir pit motor banjur menyang meja sing gawe gogokan
Rigo karo Zul, Danan langsung mesen kopi sambi ngempakake udud, banjur Danan
balik jagong ning meja lan ngumpul dadi siji karo aku, Rigo lan si Zul.
Durung suwe Danan anggone jagong “ Tom, Nan kowe ki
padha seka ngendhi, aku wis tekan kene ket mau su ro Rigo ” jare si Zul karo
mangkel
“ Santai to cuk, dina isish esuk gek jago wae isih
turu, sarujuk ora ” Wangsulane Danan karo guyu kemekelen
“ Ha dasmu, kene ki anggone ngenteni suwe banget,
kurang luwih rong jam’an cuk ” Rigo melu nyaut.
Banjur aku wangsulan “ Rasah rewel penting wis tekan
kene ”.
Antaraning limang menit adu ulat akhire padha lerem
dhewe-dhewe, banjur padha dolanan perang-perangan ing hp bareng-bareng. Saben
dolanan perang-perangan menang kabeh padha sumringah bareng-bareng suwasana ing
kana dadi penak dirasake amarga rasane padha gathuk merga menang bareng, apa maneh
nalika salah siji seka cah papat iki mau ana sing dadi MVP utawi dadi pahlawan
ning tim mau walah rasane kaya ngalahke oleh pacar anyar, ketambahan sing dadi
MVP si Rigo walah senenge kaya luwihi duweni pacar anyar meneh, amarga Rigo
lebar di tinggal selingkuh karo mantane, dolanan kuwi suwe banget nganti rakerasa
uwis sakjam’an, nganti Hpne Danan entek batune. Banjur Hpne danan di isi
dayane, aku melu liren merga sayah anggone dolanan.
Rigo karo si Zul isih dolanan terus ming cah loro,
aku ro Danan selot suwe mangkel amerga ora melu main ming deloke Rigo karo si
Zul sek lagi asik main ngasi rapeduli kiwa tengene. Danan duweni niat elek
ganggu maine si Rigo yaiku nelfon si Rigo ben koneksi internete pedot banjur
dolanane kalah, ora suwe danan langsung nelfon Rigo, Hpne Rigo langsung macet,
Rigo jengkel nanging radadi masalah amarga Danan langsung mateni telfune, ora
suwe ganti Hpne si Zul sek di telfun si Danan banjur anggone zul main
pedhot-pedhot sinyale. Danan guyu kemekelen nganti arep muntah, banjur jaluk
ngapura.
Rigo lan si Zul isih main terus cah loro Danan saya
mangkel akhire di telfun meneh ora ndhang dipateni, akhire dolanane si Rigo lan
si Zul kalah banjur si Rigo nesu.
“ Nan karepmu piye to su, aku dadi kalah “ kandha si
Rigo.
“ Nan piye to kowe ki goblok ” kandha si Zul
“ Kumpul ki ra dolanan gur cah loro ngono kuwi su “
Danan wangsuli sambi mangkel
“ Hayo ngerti ming dolanan cah loro aku raan rene yho
Nan “ aku melu wangsulan
Banjur aku ro si Danan mulih kos tanpa pamitan karo
si Rigo lan si Zul.






0 komentar:
Posting Komentar